Sendon …………
Lagi eca
wawan sabda , Horeg kang samya sume wa, o….gegering pasewakan. Kathah samya nar
ka. Won ten Dwiradameto..pedot king wantilan. Saweneh anarka. Ku da tilar
pandengan..glis nin dya mantri. Gya haniti priksa. Darunaning gita. Wus nya
uningeng gati..o…gya konjuk ngarsen dra…oooo……( gangsa ayak ayak nem )
kasire p lajeng kajantur.
Janturan
Repepeh
repepeh yayah sato haminggah krama, lir sato ametarangan. Ketingal sowaning
naren dra ing Trajutrisna nenggih Prabu Boma Naraka sura. Ketingal lumaksana
andadap lengkeh leng keh angeka pada. Dupi marak mangarsa mang sah lenggah
sumembah, tumungkul amarikelu kaya konjema pratala mukane.
Kocaaap
,…sanggya para sumewa pating klesep pating klesik pada sabawa jawil jinawil
sami rowang,.. ing batos sami ngudaraos, apa baya wigatine dene narendra
Trajutrisna Boma Nara kasura ketingal marak ing narsa nata. Ketingal sumengka
pengawak bajra. Kagyat Prabu Sri Batara Kresna, sigra angawe dateng keng putra.
Teka kaya mangkana wijiling pangandika ingka ng dereng kawiyosing lesan.
Suluk patet
nem.
Bayangan
bayem bayeyet. Agung ngrembu yung rowe
rowe ring rawan, o… Kara taru tu ri. ka ran dang gondang gedondong. Ndende ng
asanding. dung dungan gude. Benguk ben guk manguk ma nguk , o…… o……
Boma : Kula nuwun,
amit pasang kaliman tabik sinabeta ing ila duni linepatna ing tu lak sarik.
Duh dewoji.
Putra paduka pun Boma ingkang Cumantaka minggah ing sitinggil marak wonten
ngarsa paduka dewaji. Kawula nuwun , nuwun.
Kresna : Putraningsun
kulup Boma Nara kasura. Pada kanthi raharja sowane sira kulup marak ana
ngarsaning panjenenganingsun.
Boma : Kawula
nuwun inggih. Nuwun. Lulus raharja pisowan kula nir baya nir sangsaya dewaji.
Wangsul kula ngaturaken pangabekti mugi konjuk wonten ing sahandap pepada
paduka dewaji , kawula nok non nuwun.
Kresna : Iya iya
kulup Boma, wus ingsun tampa sira ngaturake pangabekti. Pangestuku tampanana.
Boma : Kacadong tangan kekalih kapundi dadosa
jejimat paring pangestu paduka njeng dewaji. kawula nok nok nok non
Baladewa : Uiii lah
dalah. Anak anung anindita, kulup Boma ingkang sowan ngger Boma, pada raharja
sasowanmu ngger…???
Boma : Inggih wa
Prabu ing Mandura dateng kapundi paring prembage paduka wa Prabu . Wangsul
sungkem kula mugi konjuk.
Baladewa : Iya iya
kulup wus ndak tampa. Waah anaku lanang. Suwe ora ketemu mundak lemu bocah iki.
Kala mangsa tilika myang Mandura ya ngger.
Boma : Inggih
pangestu paduka kanjeng uwa Prabu. Sanes wekdal kula sowan.
Kresna : Kulup, Suteja.
Sawise satata anggonira ngadep ana ngarsaningsun. Ana wigati apa katon
sumengka pengawak bajra, gita gita amengku gati kulup. Narakasura .
Boma : Inggih
dewoji, sowanipun ingkang putra paduka ing Trajutrisna kejawi kula nga turaken
pangabekti, ingkang wigatos kula bade unjuk uninga dateng paduka dewaji.
Kresna : Matur apa
kulup..??.
Boma : Estonipun
ingkang putra Boma menika gadah krenteg utawi gadah pikajengan, namung
pikajengan kula kala wau tangeh lamun badhe maujud menawi tanpa wonten pangestu
tuwin pambiyantu saking paduka njeng dewoji.
Kresna : Sira kulup
bakal darbe kekarep an apa ?
Boma : Ningali
sesambetanipun dewoji kaliyan paman paman punden kula Pandhawa, siyang ratri
ingkang tanpa pegat amung tansah tetunggilan, ibarat kados dene renggang gula
kumepyur pulut, namung tansah daya dinayan ingantawisipun Dwarawati kaliyan
Ngamarta, bantu binantu ingantawisipun dewoji kaliyan paman paman Pandhawa.
Sesambetan
ingkang sae kala wau pangraos kula sampun ngantos kendel namung wonten paduka
dewoji , nanging mugi lumuntura dumateng putra paduka pun Boma Narakasura.
Saget nyambet dateng lelabetan paduka tumrap dateng paman paman kula Pandhawa.
Ing mangka kula ngertos wekdal mangke paman Pandhawa bade hangayati dumateng
jangkaning jagat ingkang nyebat aken baratayuda jaya binangun. Isining
baratayuda tan asanes namung kejawi yudaning para paman kula kurawa tuwin
paman kula Pandhawa. Ingkang menika dewoji, kepengin sanget putra paduka pun
Boma, badhe nderek sabiyantu dumateng paman Pandhawa, mboten ketang klungsu
klungsu menawi kula menika nderek udu, kepengin badhe madeg senapati, nyenapateni
dumateng paman paman kula para Pandhawa mbenjang tumapaking baratayuda dewoji.
Kresna : I …i…iiii,ya jagat dewa batara. Kulup. Boma
Boma : Kula nuwun , wonten dawuh.
Kresna : Luhur
temen gegayuhaning sira kulup. Boma. Sira kulup bakal nyambung lelabu haning pun bapa
tumrap marang pamanira para Pandhawa, lan sira wus nyumurupi bakal teka jangkaning
jagat, baratayuda jaya binangun, kepengin bakal nyenapateni klawan pamanira
Pand hawa.
Boma : Kawula nuwun inggih.
Kresna : Boma
Boma : Nuwun kula.
Kresna : Mokal
menawa sira kulup ora nyumurupi. Katemben wae pepundenmu Pendha wa wus klakon misuda
senopati, ingkang kabiwadha yaiku kadangmu ing Pringgondani, kaki Pra bu anom
Gathutkaca. Menawa sira kulup nyuwun kepengin dadi senopati ibarat udan kang
salah mangsa, galudug kang muni ketiga.
Kena apa ora
mbiyen biyen sadurunge ana wisudan, sira kulup matur marang pun bapa. Tangeh
lamun kelakone menawa sira kulup bakal nyuwun dadi senopati sabab wis ana
senopatine. Mangka senopati kuwi ibarat kaya dene kusir angusiri marang
lakuning rota, ora nana ngger kusir kok loro iku ora ana. Awit yen to nganti
ana kusir loro, yekti bakal gawe bingung si jaran ng gone bakal narik lakuning
rota.
Boma : Inggih. Kaluhuran sabdanipun dewoji.
Estonipun pun Boma ugi sampun midanget bilih pepunden Pandhawa sampun
kelampahan amisuda senopati kadang kula ing Pringgondani yayi Prabu Gathutkaca
ingkang sampun kelampahan kabiwadha. Mila ngantos kula kumewat nggadahi
panyuwun , karana inggih mawi dasar anggen kula nguningani dateng kadang kula
ing Pringgondani kala wau. Mboten nama kula menika kok ngepal mustaka ngilani
dadanipun ka dang kula Pringgondani menika mboten. Ingatasipun pepunden
Pandhawa menika sampun kalo keng rat kedhunging kasekten, uleganing kadigdayan,
kenging menapa milih senopati kewala kok namung trimah Gathutkaca. Mangka
menawi kula ukur, dewoji,,, yektos dereng sepintena menggah kawontenanipun
kadang kula ing Pringgondani, menawi katanding kaliyan pun Boma. Waaah bumi kaliyan
langit. Buminipun Gathutkaca, langitipun ingkang putra pun Boma. Krana menapa
? kaukur saking tataraning darajat, inggil Boma katinimbang Tetuka. Buktinipun,
Tetu ka menika namung atmajaning satriya limrah, sareng pun Boma, kula menika
atmajaning ratu tur to turun dewa. Dados,…. ukuraning darajat taksih inggil pun
Boma.
Kaping kalih
nitik saking yuswa menika sepuh Boma tinimbang Gathutkaca. Nyatanipun, lare
Pringgondani menika dereng ical pupuk lempuyangipun, sepinten kadigdayanipun
lare Pringgon dani. Mila ,…. Agenging pangeman kula dumateng asmanipun
pepunden kula Pandhawa menawi ngantos menika mangke mindho damel, hawit ,..saking
kirang kiyat kawontenanipun kadang kula ing Pringgondani mila ngantos kula
wantun gadah panyuwun kados mekaten dewoji.
Baladewa : Ngko
sik……..yayi Prabu..
Kresna : Kula wonten dawuh.
Baladewa : Keparenga
pun kakang bakal nyambung marang ature putramu ing Trajutrisna.
Kresna : Inggih ,
…sumangga kaka Prabu.
Baladewa : He….
Kulup….Boma
Boma : Kula wa Prabu.
Baladewa : Mengko disik
ngger…olehmu matur mau apa wis tok limbang luwih disik, bebasan waton muni
apa mung muni waton.
Yen muni
waton , kuwi sadurunge muni wis ditata luwih disik, wis ditraju luwih disik.
Nanging yen mung waton muni, iku mung golek legane dewe sing tanpa dipikir
kanthi genep.
Saka
pangrasaning pun uwa, kok rada kurang
prayoga aturmu mau ngger, kurang pener atur mu mau. Olehmu golek dasar kok
cetha banget tok golek goleki, ngremehake banget marang ka dangmu ing Pringgondani
, ngluhurake marang sira kulup Boma dewe.
Sumurupa ya
ngger…pamanmu Pendhawa misudha marang adimu ing Pringgondani mau ora mung
ampyak awur awur, nanging wus mawa petung, mawa tetimbangan. Sakabehing wong
kang misuda marang sawijining wong kuwi wis mawa dasar. Nganggo dasar
lelabuhan, tur sing ngrembug ora mung siji loro nanging, Para pamanmu Pendhawa
kang wus sahabipraya manunggal rembug kalawan para wakil wakiling para kawula
ing Ngamarta.
Tumrap bakal
misuda wong, undaking drajat kuwi saka lelabuhan. Nitik lelabuhaning bocah Pri
nggondani kuwi ora setitik. Mokal yen sira kulup ki ora eling, ingatase
Gathutkaca lagi umur seta hun wae wis disraya dening dewa, nyirnakake narendra
saka ing Gilingwesi, Prabu Kala Precona biyen. Durung lelabuhan liya liyane
ngger.
Ora kok
mbanjur sira kulup ngaturake ing bab tataraning drajat duwur Boma tinimbang
Gathut kaca. Ndak akoni pancen sira kulup kuwi pancen turun dewa, atmajaning
ratu. Tetuka mung sawenehing atmajaning satriya, nanging….nadyanto mung anake
wong cilik yen pancen gede lelabuh ane kuwi pantes winisudha, pantes diwenehi
kapercayan. Hla mbok yo turun dewa tur anak ratu pisan to, yen durung katon
lelabuhane kuwi apa ya pantes diwisuda? Ora kok jeneng pun uwa iku ngungkat
ungkat marang sira kulup Boma kuwi ora. Nanging, mara coba eling elingen , lan
petungen, nalika kapan kok sira kulup Boma labuh marang Pendhawa kuwi nalika
kapan? Mara coba…Mangka umure genah tuwa kowe, ning nyatane sepisan wae sira
kulup durung tau labuh marang pamanmu Pendhawa. Ingkang mangkono ya ngger…aja
nganti aturmu mau keprungu marang
pamanmu Pandhawa , gedene kepireng klawan kadangmu ing Pringgondani,
mundak gawe seriking adimu ing Pringgondani ya ngger…….eman eman kowe
atmajaning kadangku ing Dwarawati, yen nganti ana apa apa, sing bakal kelepetan
ala ora mung pun rama, nadyan pun uwa semana uga. Mula , aku mung derma
ngelingake marang sira kulup, Boma.
Nggeeer ,…ya
wis trimaa wae, wektu iki kapercayan lagi tumiba marang adimu ing
Pringgondani, sapa ngerti mbesuk tumimbaling kapercayan marang sira kulup Boma
Narakasura.
Sitik ana
dongeng,…tak jupuk saka babat Ramayana. Nalika Prabu Rama bakal kongkonan
marang Kraton Ngalengka. Wanara rebut ngarep kepengin diutus marang Prabu
Rama. Sing cetha wae ing antarane Anggada lan Anoman, kepengin saguh kautus
marang Prabu Rama. Nalika semana nganti dadi daredah ing antarane Anggada klawan
si Anoman, ingkang banjur pinisah klawan Prabu Rama.
Tumibaning
pamilih marang si Anoman, Angga da dielingake. “ Anggada,….wektu iki kapercayan
lagi marang si Anoman, nanging ora kok jeneng aku bakal nyilikake lelabuhanmu
kuwi ora, Ang gada. Mengko liya wektu bakal klakon sira dadi utusaning jeneng
ingsun”. Mengkono mungguh kang dadi sabdaning Prabu Rama.
Iki ora beda
klawan keng paman Pandhawa ngger. Wektu iki lagi Tetuka sing dipercaya, mengko
gentenan ya ngger. Bubar adimu ing Pringgondani banjur sira kulup Boma
Narakasura. Nangi ng kanti dedasar ngetokake disik ing reh lelabuhanmu marang
para Pandhawa kuwi mau kulup Boma Narakasura.
Boma : Nyuwun pangapunten wa Prabu. Boma sowan mriki
menika mboten sowan dateng uwa prabu Baladewa. Nanging Boma sowan mriki menika
sowan kanjeng dewoji.
Saha malih
nyuwun duka wa, wekdal menika kula dereng mbetahaken wejanganipun siwa Mandura,
kula namung bade nyuwun pangestunipun kanjeng rama.
Baladewa : Lo lo lo……ko
sik. Ko sik…..weeeh …… rada sengkring bocah iki……………………Boma
Boma : Kula wonten dawuh.
Baladewa : Mara coba
eling elingen ngger… Kang wa Mandura iki yen karo keng rama Dwara wati kapernah
apa ?
Boma : Kadangipun wreda.
Baladewa : Wis
ngerti ?
Boma : Sampun.
Baladewa : Lok ing jana
kadang wreda iku liruning sudarma. Ateges….sitik akeh kuwi keng wa Mandura uga
darbe wewenang tumrap marang Praja Dwarawati. Sabab ,….aku iki wakmu. Pakmu
gede aku iki ngger. Sitik akeh jarene aku ya duwe kawajiban melu ngulatake lan
nggula wentah marang sira kulup Boma. Ning kena apa kok mbanjur kaya ngono
aturmu. Apa yen ngono kowe bakal nyingkur marang pun wa Mandura.
Boma : Prekawis
alur lan waris mangke dawah kantun wa, margi menika mboten mbetah aken naluri,
mboten mbetahaken alur waris. Kula mbetahaken pangestunipun kanjeng dewoji
Baladewa : Weee
laaa…..Yayi.
Kresna : Kula wonten dawuh.
Baladewa : Pun
kakang mung ngemutke lo dhi. Marga yayi Prabu wis kaloka titising sangh yang
suman. Mangka Wisnu kuwi dewaning banyu, banyu kuwi panguripan. Yen panguripan
mla ku ajeg manjing dadi katentreman. Ateges,…yayi Prabu dadi dewaning
katentreman. Ingkang mangkono , pun kakang ora bakal kekilapan ma rang
penggalihing yayi Prabu ing Dwarawati.
Kresna : Kawula
nuwun inggih,…….kulup Boma
Boma : Nuwun kula.
Kresna : Upamane pun bapa ora mangestoni , ora
anglilani panyuwunmu kepriye ngger Boma.
Boma : Wee
lah dalah, dewoji…Menawi ngantos dewoji mboten nglilani panyuwunan kula menika
menapa mboten klintu. Sabab menapa, ….mangga keparenga menggalih dewoji. Wiwit
kula dados yoga paduka ngantos sepriki menika, kula nate gadah panyuwunan
menapa dateng paduka dewoji. Kula petang, kula dereng nate gadah panyuwun
dumateng paduka dewoji. Kula ageng, ageng piyambak. Kula jumeneng ratu wibawa,
kula pados negari piyambak. Dereng nate gadah penyuwun blass, katemben menika
kula gadah panyuwun kenging menapa paduka dewoji mboten ngudaneni.
Ing mangka,
menawi kula kelampahan dados senopati, ingkang bade kajunjung asmanipun mbo ten
namung pun Boma, nanging ugi bade njunjung asmanipun dewoji. Kosok wangsulipun,
me nawi ngantos Boma mboten kelampahan dados senopati, lingsem kula inggih bade
nyempyok da teng paduka dewoji. Ingatasipun anak ratu tur turun dewa pisan
njaluk kaya mengkana wae kok ora klakon…Lo menika… Ingkang bade lingsem inggih
paduka dewoji piyambak. Lan malihipun, menawi ngantos paduka dewoji mboten mangestoni dumateng panyuwun kula, lajeng wonten pundi dununging tembung anak polah
bapa kepradah , dewoji.
Baladewa : Yayi
Kresna : Kula wonten dawuh.
Baladewa : Nadyan bener
ana tembung anak polah bapa kepradah, nanging siadi kudu nonton polahing anak
disik. Polahing anak mau priye , kira kira bakal kapitunan apa ora. Yen ora
gawe tuna wajib wong tuwa mradahi. Nanging yen to pancen polahing anak kuwi
bakal gawe pituna, oo…ooo…yayi….kudu ngati ati…..Marga nyatane ora kurang
lelakon, saka banget sihing wong tu wa marang anak, nuruti marang kareping
anak, nganti si wong tuwa mau kelangan drajat klawan pangkat, ya mung sabab
kleru tumindaking si anak, dilabuhi wong tuwa, nganti bisa nglengsera ke marang
palenggahane, yayi..
Yen yayi
Prabu mengko nganti ndombani marang si Boma, mangka kuwi kliru, ooo….ora
jeneng aneh,… sitike bakal kisinan , gedene bakal tetel pangkat drajatmu, yayi.
Boma : Dewoji
, kula suwun ampun ngantos dewoji
midangetaken kongkang ingkang mangungkung wonten salebeting eleng. Kodhok
menika swantenipun sora, namung mboten ndayani menapa menapa.
Baladewa : Lho
ko sik..Yayi Prabu aja ngurusi gurem keceker lo dhi. Marga pun kakang nge man
marang si adhi
Ada ada
greget saut
Leng lenging
driya mangu mangu dst….
Kresna : Kaka Prabu,
Baladewa : Priye
dhi
Kresna : Sadereng saha sasampunipun ri paduka nyuwun
pangapunten bilih anggen kula bade paring karampungan menika mangke, tetela
beneh kaliyan pemanggihipun paduka kaka Prabu.
Baladewa : Hya ,mangsa
bodoa…Ing atase urip ana alam kang merdika, beda penemu kuwi kena, waton
bedaning penemu mau aja nganti ngobrak abrik marang katentreman ,yayi.
Kresna : Kula nuwun inggih…. Kulup Boma
Boma : Nuwun kula
Kresna : Ingsun nglenggana ngger. Salawase dadi wong tuwamu
pun bapa durung nate sabiyantu marang sira kulup, Boma. Salawase dadi
atmajaku, sira kulup durung nate darbe panyuwun marang pun bapa. Destun temen
ingatase Boma nyuwun, mangka bakal angluhurake asmaning sudarma kok nganti pun
bapa ora mituruti, mangka gegayuhanmu mau luhur, katitik bakal soroh bau totoh
nyawa, ing pangajab amung bakal kanggo tetombok marang kaluhuraning asma para
pamanmu Pandhawa. Ateges sira kulup bakal nyambung lelabuhaning pun bapa.
Boma : Kawula nok non
Kresna : Ingkang
mangkono kulup, Boma … … aja kwatir, sepisan ingsun paring pangestu marang
gegayuhanmu. Kaping pindhone ingsun bakal sabiyantu kepriye bisane sira kulup
Boma madeg senopati nyenopateni para Pandhawa.
Suluk greget
saut:
TANDANG SRI BALADEWA. NENGGALANIRA
PINUSTI ING ASTA . SWANDANA UMANGSAH.
PRAPTENG RANANGGANA. UMIYAT YITMA.
KRURA SRU WIRODRA. KYANA PATIH PANCAT NYANA. UMANGSAH PATUK. SAMYA
WAHANA. DWIPANGGA NGUDENDA. O……..
Baladewa : Yayi Prabu
Kresna : Kula wonten dawuh
Baladewa : Gandeng wus suwe pun kakang ana Praja
Dwarawati, mangka satemene pun ka kang selak kepengin nyumurupi kaya ngapa kahanane putramu ing Pringgondani. Ingkang mang kono yayi, gandeng si adhi lagi ana
dayoh aja nganti pun kakang ngganggu marang kamardika nmu, yayi Prabu pun
kakang njaluk pamit arep mangkat didik yayi Prabu.
Gangsa
srepeg seseg
versi ki anom suroto ngih menika
BalasHapus