Senin, 05 Agustus 2013

WAHYU TOPENG WAJA ...2


  • Kresna            :  Kula nuwun..nuwun dereng sawa tawis dangu, sarawuh panjenengan paduka kaka Prabu ing Mandura, ri paduka kula ngaturaken pasegahan panakrami prembage mawantu kon juk wonten ing sahandap padanipun paduka kaka Prabu ingkang katemben rawuh.
  • Baladewa       :  Ui la dalah…E,..yayi Prabu. Yayi Prabu Sri Bathara Kresna, paduka yayi Prabu , lulus raharja praptane pun kakang, niskala. Ora liwat amung bali puja pangastawane pun kakang tumrapa marang panjenengan paduka yayi Pra bu.
  • Kresna            :  Kawula nuwun inggih kaka Pra bu, kacadong tangan kekalih kapundi ing musta ka mugi ndadosna jimat. Kaka Prabu. Kula suwun mugi keparenga pinarak lenggah ingkang prayo gi, kaka Prabu.
  • Baladewa       :  E..e…e..iya iya yayi. Kaya tan ku rang prayoga pun kakang ngabyantara ana ngar sa paduka yayi Prabu.
  • Kresna            :  Duh kaka Prabu…  Andadosaken bingah raosing manah, dupi kula nampi rawuh paduka njeng kaka Prabu, tan mantra mantra pa duka kaka Prabu pan yayah sanghyang Brama ingkang angejawantah paring kanugrahan duma teng ri paduka ing Dwarawati. Namung wonten kuciwani pun sakedik, kaka Prabu. Labet ri padu ka kula mboten saget manembrama satataning anampi praptaning tamu agung.
  • Krana punapa, inggih labet paduka kaka Prabu ingkang mboten paring dawuh langkung rumi yin. Alitipun kintu nawala agengipun gandek sa kembaran, ingkang minangka cihna bade rawuh ipun paduka Kaka Prabu. Menawi kaka Prabu pa ring dawuh langkung rumiyin, ri paduka kula tata tata ing alun alun ametuk mawi titihan kreta kencana kyai jaladara, sumawana kula dawuh yayi Jembowati, Rukmini, tuwin Setyaboma , ca wis tirta wening setaman kang winadahan ing bokor kencana, kagem amijiki dateng ampean paduka njeng kaka Prabu.
  • Baladewa       :  Oe….la dalah.ha..ha…………Adiku di….. adiku kadange pun kakang. Kok kaya wong mbengkanane. Yayi Prabu. Pun kakang ngruma ngsani datan atur uninga luwih disik, awit pangrengkuhe pun kakang,.. pun kakang tumedak ma rang Praja Dwarawati tan prabeda kaya dene pun kakang kondur marang Praja Mandura dewe , yayi.
  • Kresna            :  Duh kaka Prabu…sanget ngatura ken panuwun ingkang tanpa upami, dene paduka kepareng amengku negari Dwarawati kados pa duka ngrengkuh negari Mandura piyambak.
  • Baladewa       :  Yayi Prabu iya.
  • Kresna            :  Sasampunipun satata pinarak lenggah duh kaka Prabu, daya daya ri paduka nyuwun dawuh, wonten wigatos ingkang pundi, keparengipun paduka rawuh wonten ing Kera ton Dwarawati.
  • Baladewa       :  E..e…e…Yayi Prabu. Sumengka ning pun kakang Mandura prapteng Praja Dwara wati, lamun kena ndak perang, ana perangan tri prakara.
  • Ingkang sepisan, wus sawatara suwe anggone pun kakang tan nguningani marang gumelaring Praja Dwarawati. Kaya ngapa mongkog kaworan bungah tyase pun kakang, mbareng pun kakang sumurup Negara Dwarawati saiki wis beda kla wan Dwaraka kang kepungkur. Katitik saka apa, ya awit saka akeh ing wewangunan wewangunan ingkang pada kagula wentah para nara praja kang wus manunggal marang kawulane. Luwih luwih pun kakang nyumurupi gumelaring patega lan lan pasabinan ingkang den garap para ka dang among tani. Anggone pada gumreget, gum regah, trus gumregut angayahi darmane dewe dewe. Kacihna lamunta praja Dwaraka ora keku rangan boga kalawan wastra. Luwih luwih pun kakang nyumurupi , gumelaring para putra siswa kang pada ngudi undaking ngelmi anggayuh wim buhing kawruh. Kacihna lamun para kawula pra ja Dwaraka wis pada cancut taliwanda ambrasta marang triwuta. Apa maneh yayi, mbareng pun kakang nyumurupi papan papan pangibadah kebak para kawula kang pada sungkem marang Gusti. Kacihna lamunta para kawula tekun ing pangibadahe ngandelake ing reh  agamane, perca ya marang Gusti lan utusane. Ingkang mangkana yayi Prabu, mbesuk kapan praja Mandura kaya dene kawibawan paduka yayi prabu.
  • Kresna            :  Inggih awit saking pangestuni pun paduka kaka Prabu, kados mekaten meng gah gumelaring Praja Dwarawati.
  • Baladewa       :  Yayi Prabu iya.
  • Kaping pindo pun kakang ngaturake alam oneng. Alam iku tembung lawas, oneng iku kangen. Rumangsa kapang banget tyase pun kakang ma rang yayi Prabu sumrambah marang kabeh para nara praja ing Dwarawati.
  • Kresna            :  Inggih kaka Prabu, kula tampi ta ngan kekalih lumeberaken para garwa tuwin pu tra sumrambah para kawula ing Praja Dwara wati, oneng saking paduka njeng kaka Prabu.
  • Baladewa       :  Genep tri wigatining perlu yayi. Praptane pun kakang iki mung dumunung bakal hangampiri marang yayi Prabu ing Dwarawati. Lire,…… nalika dina respati manis kang kepung kur, pun kakang antuk nawala saka Praja Nga marta ingkang den tapak asmani yayi Prabu Pun tadewa, ingkang surasaning nawala, wektu iki pu tramu ing Pringgondani , kaki Prabu Anom Gathu tkaca anandang gerah santer madal sakehing usa da. Nadyanta wis katirahake saka ing Pringgon dani jumujug ing Negara Ngamarta ewadene, du rung katon mendaning putraku si Tetuka. Ing kang mangkana yayi Prabu, banget anggone pun kakang selak kepengin banget anyumurupi mung guh kaya ngapa citraning putraku ing Pringgon dani.
  • Lamun kakang darbe petung ndak kira yayi Pra bu uga wus antuk nawala saka Negara Ngamarta kang surasane tan prabeda kaya kang wus ndak tampa. Ingkang mangkana yayi, mara diage ing sun kanthi daya daya lumawat marang Negara Ngamarta mertuwi marang kang dadi rodane putramu ing Pringgondani yayi.
  • Suluk patet nem
  • Katah para hapsara tumonton ing sang dwija, Kadya nggewor jiwa...o……Kagagas ing tyas dahat kewraning karyanira. Katon pan umyat rengga ning samya mrabawa…o…..Roning kadep kume dap pinda pangawening sang dwija, Lunging gadung malengkung katiyuping maruta manda o……
  • Kresna            :  Kawula nuwun inggih kaka Pra bu. Samendang mboten karempit pangandikani pun kaka Prabu sampun kula tampi kanthi trewa ca. Kepareng paduka kaka Prabu anganti ri padu ka kula kadawuhan nderekakaen tedak paduka dateng Negari Ngamarta, wigatos mertuwi date ng putra kula Tetuka ingkang wekdal mangke nembe ketaman wiyodi.
  • Baladewa       :  Yayi Prabu iya
  • Kresna            :  Mila kaluhuran pangandikanipun paduka kaka Prabu, bilih ri paduka ugi sampun nampi nawala saking yayi Prabu Puntadewa, ugi paring katrangan bilih putra kula Gathtukaca ana ndang raga madal sakatahing usada. Nadyanta sampun sawatawis katirahaken saking Pringgon dani jumujug ing Ngamarta parandene dereng ketingal menda menggah rodanipun keng putra ing Pringgondani.
  • Baladewa       :  Eii lah dalah…yayi… Yayi Prabu. Lamun ngelingi anakmu ing Pringgondani kuwi bocah salawase ora tau lara. Lara pisan wae kok ngeget. Hlo aku iki nggumun,.. ingatase otot ka wat balung wesi sumsum gegala kok ya bisa lara …..... Ning ya ora maido marang lekasing putramu ing Pringgondani yen pinuju waras. Bocah arang arang ana ndalem praja, mapan marang pasaban nuhoni marang kang dadi darmane. Sengkut gum regut angayahi darma, ngestokake marang da wuh kang wus katampa. Mara coba golekana yayi . Ora ana bocah kang wekele kaya putramu ing Pringgondani. Yen ora nuju nganakake pasewa kan dewe, tansah sowan sowan marang nggone wong tuwa tuwa , marak marang nggon pepun den pepunden, yen jeneng prei ora tau leren, neng endi wae putramu ing Pringgondani mung tansah ngatonake sungkeme marang sipating wong tuwa. Apa maneh yen dibobot ing pakar yan abot, nyatane ora enda ing bebaya, ora ming kuh ing pakewuh. Mula ora aneh mbareng nan dang raga mbanjur gawe sungkawaning para ka dang.
  • Kresna            :  Kawula nuwun inggih.
  • Baladewa       :  Wis ana pirang dina rodaning pu tramu ing Pringgondani yayi.??
  • Kresna            :  Ri paduka dereng ndungkap sam pun pinten dinten menggah wiyodinipun ing kang putra ing Pringgondani.
  • Baladewa       :  Wus akeh usada kang katamaka ke..???
  • Kresna            :  Manut katrangan makaten kaka Prabu. Keblat sekawan pancer gangsal sedaya ti yang pinter dipun klempakaken supados ngusa dani keng putra ing Pringgondani, parandene de reng bangkit waluya katemahan jati, jati katemah an nirmala.
  • Baladewa       :  Yayi ,. Pun kakang darbe pandu ga mbok menawa para kadang Pandhawa ing kang den arep arep mung kejaba yayi Prabu ing Dwarawati. Hawit , jagat wis kebrebegen yen ya yi Prabu kuwi nadyan ratu , nuwun sewu ngiras nyambi dadi dukun. Sebab apa, karana yayi Pra bu kagungan pusaka ampuh bisa marasake wong lara, lan nguripake wong mati kang durung wina nci, yaiku wujude puspita wijaya kusuma. Mbok menawa para kadang kadang pangruwatan sing dienteni mung kejaba pusakaning yayi Prabu ku wi mau.
  • Kresna            :  Inggih kaluhuran pangandikani pun kaka Prabu. Mugi mugi putra kula pun Tetu ka menika mangke saget waluya jati awit saking pusaka ingkang sampun kula gaduh, nun inggih puspita wijaya kusuma.
  • Baladewa       :  Yayi Prabu iya. Ingkang mangka na yayi aja nganti kesuwen, ayo enggal tak kanthi daya daya mertuwi marang Negara Ngamarta.
  • Kresna            :  Kaka Prabu.
  • Baladewa       :  Priye..???
  • Kresna            :  Kula mboten badhe suminggah ngestokaken dawuh pangandikanipun paduka kaka Prabu. Namung kula suwun sumene saking sawatawis. Idep idep mangga kaka Prabu kula derekaken ngunjukaken panalangsa dumateng Gusti, mugi Gusti ingkang maha agung  paring tuntunan dumateng keng rayi saha kaka Prabu.
  • Baladewa       :  Yayi Prabu iya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar