Senin, 05 Agustus 2013

“ WAHYU TOPENG WAJA “....1


JEJER I :DWARAWATI
Kresna, Samba, Setyaki, Baladewa
Janturan Negari Dwarawati
Swuh Rep Data Pitana,
Swuh iku werdine sirna, Rep nenggih swasana tentrem, Data yaiku angesti wondene Pitana yai ku luhur. Sirna sagung memala mahanani jagat tentrem lamun kita tansah hangesthi marang luh uring budaya.
Sesanti Bhinneka Tunggal Ika dadya daya gesang ing budaya. Kanthi winengku paugeran lima nen ggih Manembah mring Kang Maha kawasa, Tres na asih mring sesama, Kekadangan sami bangsa, Sarasehan srana kang wicaksana minangka hang gayuh adil paramarta.
Aruming budaya datan kuciwa kasusra dumugi manca. Ringgit purwa ngrembaka ngejawa kinar ya tuladha lumantar para ngulama sang Wali Sa nga.
Hanenggih negari pundi to ingkang pinangka pur wakaning kandha, tuhu menika gumelaring praja ,kedatoning praja bangsa yadawa sinebat Praja Dwaraka. Inggih ing Jenggala Pura, inggih ing Jen ggala Manik inggih sinebat Negari ing Dwarawa ti.
Sinebat Dwaraka panggenan pambuka, wenga ning rahsa katengeran gapura cacah nawa, apan sedaya ginambaran garuda kinarya sesasmita we nganing babahan hawa sanga. Jenggala Pura, ing nguni tilas kedatoning yaksendra jejuluk Prabu Yudwakala Kresna. Nggih ing Jenggala Manik, sag ung pepasren pinathik ing jrambah jobin pinulas batik sinung cakrik peksi tathit. Sinebat Dwara wati mengku werdi kiblating pangesthi, labet pin esthi dununging trimurti, mila sinung kori lawa ng sawargi. Tanda yekti amung budi kang suci kang antuk kamulyan jati.
Negari Dwarawati dumadi saking nuswa sekethi kinepung benawi, ing saben pulo pinasang hardi sundul wiyati. Toya kali tan kendat mili, nadyan ketiga datan nguciwani, dadya pasabaning bebek meri kebo sapi den guyang saben hari, dadya su ka kang para kadang among tani.
Ilining toya pinara para saking haldaka mandap ing desa ngadesa tinalangan nulya tinata, temah warata datan sulaya. Dasar Dwaraka negari kun cara tur to tinata sarwa prasaja karengga papan pariwisata karya suka kang sami tedak wisata. Menapa to papan wisata, hanenggih pusaka tilar an kina, Arupi candi dalah Pratipa, datan kantun wana wisata tuwin samodra lan cakrawala.
Ombaking samodra weh reseping netra, lenggak lenggok pinda teksaka. Ing mangke dupi wanci surup asar, mega mega samya sumebar, sandya kala katon sumunar, gebyar gebyar awarni jenar, pinda kencana lagya binabar, labet kasorot prata ngga kang arsa jengkar. Enggaling panyandra Ne gari Dwarawati ketingal loh jinawi gemah ripah karta tata tur raharja.
Loh jinawi mengku werdi bumi pramesthi, wiji tinandur mesti dadi , lemah grasak saget den sa nak, siti kapur saget den lulur, temah maujud da dya subur ingkang tinandur. Gemah boga wastra samya murah, temah katah kawula bungah, beba san sugih sawah serep omah, banda turah gesang pradah, tan wonten jalma ingkang mitenah. Ripa h kehing jalma lumampah datan kecacah pandya samya gumregah makarya angupadi nafkah, siya ng ari datan wegah, labet wus pernah denya kum rembyah. Bebasan munah watak kang srakah, tut wuri sunah mawadah warohmah, hangesthi kula warga ingkang sakinah. Karta nengenaken prana tan wondene tata nenggih pranatan dadya pauge ran.
Kautaman kinarya tuntunan pagorohan dados si rikan, bebasan tan wonten korban awit bebrayan tansah memitran, daya dinayan mad sinamadan hangajab ing kerukunan, murih tan wonten ing kang kapitunan. Tan wonten raos kuwatir labet Sang nata bangkit angulir, ingkang fakir tetep den pikir, brandal kecu sami sumingkir, tan sami wani tumindak nalisir.
Mila Praja Dwarawati winastan ageng tur inggih agung. Lamunto kali sugih kedung labet sang na ta demen tetulung. Kawula alit tetep den srawu ng, wanci jawah paring tudung, mangsa panas pa ring payung, dana cupet tansah sinambung, ing kang bingung nulya tinulung. Mila datan mokal ingkang tebih samya manglung celak samya tumi yung, sami nyengkuyung rancaging wewangunan temah rampung tanpa kuthung, labet kabeh ma wa den petung.
Tuhu kinocapna ingkang ngasta panguwasa Nega ri Dwarawati jejuluk Prabu Sri Batara Kresna, ya Prabu Wasudewa Danardana Dono wardana, ya sang Kesawa Padmanaba narayana Nayarana Wisnumurti ya sang Mahendrasiwi.
Jejuluk Prabu Kresna mengku werdi cemeng han gganing sang nata saking kusika daging ludira tumekeng gagra. Lamunta hayam ayam cemani kena kanggo srana hambengkas ponang sukerta. Wasudewa, nenggih sang nata maksih darah wa su, hawit menika yoganing swargi Prabu Basude wa. Ya Prabu Danardana, lumintuning dana saki ng sang nata pinda ilining toya narmada, beba san tinawu kaya banyu ewa semanten datan kan tu kepara tansah lumintu. Inggih sang Dana war dana, yekti blaba penggalihing sang prabu, de men dedana kanti lila legawa, dumateng kawula ingkang sami kasangsaya. Kesawa sinung panah linuwih, sugih rikma mangka rengganing salira. Ya Prabu Padmanaba nenggih dadya wadahing sekar wijaya kusuma. Ya sang nata Narayana, da dya mustikaning satriya tama kang labuh mara ng nagara. Nayarana, lamun duka sinamun wada na sarwa esem kang manuara. Wisnu murti neng gih pangejawantahing Sanghyang Wisnu ingkang kabelah dados kalih klawan raden Harjuna. Mila Kresna Janoko kadya dene geni klawan urube, yen to banyu klawan ombake. Genine Kresna ku kuse Dyan Premadi banyune Janoko ombake Dyan Nayarana. Harimurti nenggih kawasisan ing sang Prabu tan prabeda klawan sanghyang Suman. Mahendrasiwi nenggih yoganing Dewi Mahendra ya Dewi Ngaki.
Nyata Sang Prabu Kresna narendra kang sumba ga wirutama, dasar mahambeg Tanuhita, Somahi ta, Sarahita, maksih linambaran Sama Beda Dana Denda.
Nalika wau sang nata mboten miyos siniwaka amung miyos mirungganing pandapi sangajeng ing kori parasedya. Lenggah ing prang sesana ru kmi lemek babut prangwedani, sinebaran sekar kang sami mangambar wangi.
Swasana rep tidem premanen tan wonten banek walang salisik. Godong tan ebah angin tan lumam pah, amung saking paringgitaning sasana andra wina kapyarsa swantening gangsa kyai kaduk ma nis ingkang tinabuh abdi dalem karawitan mung el gending karawitan temah amimbuhi kawiba waning sang nata. Sampun ketingal sowan ing ngarsaning sang prabu, hanenggih kadang anem wingking saking Garbaruci kekasih Raden Setya ki, ya Radyan Bima Kunting Singamulangjaya wresniwira, inggih Radyan Tambak yuda ya sang Yuyudana. Datan kantun ing wuntat sanggya para nara praja ingkang tinindihan sang patih Udawa.
Dereng pantara dangu lenggahing sang prabu katungka ing mangke praptaning keng raka neng gih nata Mandura Prabu Baladewa, ya Prabu Ka krasana, ingkang sampun jumangkah prapteng madyaning sitinggil Dwarawati. Katgwada ing ga lih Sang Prabu Kresna ing mangke sigra manem brama dateng praptaning keng raka . Teka kaya mangkana rereh ririh ruruh hangarah prana, sab daning Sang Prabu Kresna dumateng ingkang ra ka nata Mandura.
Kombangan :  
1.            Leng leng ramyaningkang, sasongko kume nyar, mangrengga rumning puri, mangkin tan pasiring, halep nikang umah, mas lir murubing langit, tekyan sarwa manik, tawi ngnya sinawung, saksat sekar ning suji, ung gwan Jembowati ywan amrem alangen, myang nata Prabu Kresna
2.            Dwan sembah niring hulun. Kapurba risang murbeng rat.  Sahananing kang. Ri kanang sihing dasih. Maweh boga sawegung. Mak sih ring delahan. Ywang kanang memujwe nga. Rijeng nayakaning rat.  Duteng rat kota ma. Mangkuha manugraheng. Lan siswa sa gotra. Kang huwus minulya.
SULUK PATHET NEM AGENG                      
Rem rem surem sorote kang.  Ywang arka kaeksi. O…O… Pucaking aldaka murub. O……… Yen janma kadi. Sung sasmiteng dasih. Ring salwiring laku. O… Lampahing dumadi. O… O… Gilir gumanti. O…O...Suka sukaning driya. Yekti gegadangan. O…Pangasahing diri. Ti tahing ywang widhi. O..Kang sarwa dumadi. O..
ADA ADA GREGET SAUT
Raras kang alenggah. Neng dampar kancana. Lir ba thara Wisnu. Sumorot prabanya. Gumelar angebeki. Kang samya sumewa. Tinon kadi samo dra pasang. Kang samya trapsila, nganti wijiling kang. O… Sabda pangandika. Sang bupati. Ywa……………..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar