Sabtu, 03 Agustus 2013

SEMAR MBARANG JANTUR

FLASH BACK :

           Kartapiyogo kang wus klakon ndusta Dewi Erawati arep kapundut   garwa.Sang Dewi kang wus tanpa daya gelem kapundut garwa nanging njaluk dikemaru karo adine yaiku Dw Surtikanti.Kartopiyogo saguh banjur budal marang Mandaraka arep laku duratmaka maneh.Nadyan wis dielikake karo togog lan Bilung nanging ora nggugu.

JAJAER 1 :  PRAJA ASTINA

           Pr Destarastra , Dw Gendari , Kurupati , Sengkuni , Durna

            Wos ginem;  ngrembak anggone arep nglamar putri  Mandaraka Dewi                           Erawati putra Prabu Salya kanggo garwane Kurupati. Banjur pada budal sang nata kondur ngedaton.

LIMBUKAN

STRAT ; Alun-alun Astina Budalan Kurawa

            Ing marga kepetuk wadya Mandura R Ugrasena R harya Prabu Rukma kang lagi diutus ngupadi murcane R  Kakrasana.Sulayaning  rembug dadi perang wadya Ngastina kasoran banjur nyimpang marga.

JEJER 2 ;  PRAJA MANDARAKA

             Pr Salya , Rukmarata . Pt Tuhayata , Premadi

             Wos ginem : ngrembuk murcane Dw Erawati dening duratmaka.nganti sang prabu nganakake sayembara : sing sapa bisa nemokake sang Dewi yen wanita arep kinadangake yen priyo bakal didaupake.Premadi saguh sabyantu bakal ngupadi sang Dewi kalilan manjing kedaton pamit lan para kadang Mandaraka.

             Praptane Durna Sengkuni perlu nglamar Dewi Erawati kanggo Prabu Kurupati, gandeng sing dilamar ilang mangka sang Prabu wus nibakake sayembara mula Durna cs saguh ngupadi trus budal.

              Rukmarata kadawuhan mbiwarakaken sayembara ing alun- alun bareng lan kadang wadya,sendika bidal kepetuk wadya Tirta Kandasan dadi prang buta kasor , Rukmarata bali asung palaporan.

STRAT: KENYA PURI MANDARAKA

              Permadi ketemu Dw Surtikanti,Sang Dewi kasmaran nanging Permadi tan nanggapi,malah mlayu tumuju patunggone Banowati. Surtikantikagol atine banjur ipat-ipat ; muga muga ing tengah alas Permadi keluwen.

               KOCAP :Permadi ketemu Banowati pada senenge nuli pada karon asmoro,karana tan ana kang memalangi, bareng purna Permadi pamit bakal nglacak maling aguna kalilan bidal.

GARA- GARA

JEJER 3 ; KARANG GUMENGGENG

                Permadi kahadep Semar cs

                WOS GINEM : kaajak nglacak maling banjur budal.petuk wadya buta prang ricik buta mawut.Permadi kena walate dw Surtikanti banjur semaput merga kaluwen panakawan pada tangisan,banjur dawuh Semar cs kon ngupaya boga.ponokawan banjur budal kanti srana dadi tukang barang jantur.

STRAT ; PERTAPAN SONYAPRINGGO

                   Lara Ireng kahadep emban rumangsa kasepen anggone nderekake ingkang raka Wasi Jaladara kang lagyo teteki, dumadakan keprungu swara kendange tukang barang jantur.mula emban kadawuhan nimbali.Bareng Semar sowan nuli rembugan bab opah,Petruk nembang;

                   Ongkose telung duwit kula mboten sakit,   sabenggol kula mboten mrongkol,  sarupiyah sampeyan mboten susah,   selawe sampeyan mboten dadi kere,    yen skeet saya rumaket.

Bab sajen-sajen ;

                        Sega liwet iwak duduh

                        Sambel goring tur petene wutuh

                        Botok saren ambane aspiring-piring

                        Iwak empal abon remuk

                        Datan lali ceplok endog

 

               Tumpeng ketan nganggo lawuh

               Gecok lele imbuh baying telung puluh

               Pindang urang gedene sadriji-driji

               Sambel pecel sega wuduk

               Ora lali goreng oncom

 

                         Tukon pasar kudu wutuh

                         Jenangipun uga warna pitu

                         Kacang bawang emping mlinjo garing garing

                         Mbang setaman gudang garam kanggo udud

                         Klambi ijo moblong-moblong

 

                Berasipun limang beruk

                Panggang ayam lanang wadon sing remasul

                Peyek kacang omben-omben limun weski

                Yen wus warek keparenga kita mantuk 

                Mung punika atur hamba

 Kabeh panyuwune Pitruk diwujudi dening emban mula banjur wiwit pada njantur

Semar ; ndongeng kang surasane nyemoni Loro Ireng nalika ditulungi dening  Premadi nalika     Bratajaya dioyak- oyak wadya balane Pr Kangsa. Rampung ndongeng banjur sulapan pace dadi kucing.

 

 

Gareng : sulapan godong pari dadi wader

Bagong : sulapan gedang dipangan dadi ilang

Petruk : sulapan jagung dadi baya.Mbareng Petruk sulapan sang Dewi kamigilan trus semaput.Semar cs kaget mula sajen-sajen karakut dadi siji sowan Premadi.

               KOCAP : Bareng Permadi nampa boga saka Semar, banjur duka awit kaya pakan sona nuli budal sarwi ngunus curiga arep soroh amuk marang kang maringi teda, semar cs nututi.

 

                Kacarita : Emban anggone nglipur gustine wus eling, tekane Permadi soroh amuk , Lara Ireng mlayu sowan raka Jaladara.Bareng ngerti Jaladara ya Kakrasana Permadi luluh dukane.nuli sarembug nglacak malingsarana manjing kenyapuri Mandaraka anggone Jaladara nampa wangsit , banjur budal kaderekake Semar cs.

 

JEJER 4 : MANDARAKA

              Pr Salya nampa sowane Premadi Jaladara cs

               Permadi matur yen Jaladara tampa wangsit,mula pamit manjing Kenya puri wus kalilan banjur budal.Ing Kenya puri Jaladara gawe sandi

Umpamane Petruk muni :  Jaran sing nyauri muni Kepang

                                                 Mangan sing nyauri muni Pari

                                                  Klambi sing nyauri muni Abang

                                                  Sing sing nyauri muni Marahi

               Banjur budal andum gawe,sing keri Premadi Banowati Pitruk lan Bagong

              Tekane Kartapiyogo tanding lan Jaladara anggone nggurdah maling mlayu ngliwati Premadi cs banjur melu tumandang.

 

JEJER 5 : KENYA PURI TIRTA KANDASAN

               Dw Erawati kahadep emban

               Wos ginem :bab anggone Kartopiyogo kasuwuni kudangan nyuwun dikemaru adine sejatine kanggo njlomprongake sarto amrih kepenak anggone nyekel Kartapiyogo,tekane rayi Premadi sang Dewi bungah.

               Tekane Kartopiyogo dadi prang kasor mlayu petuk Jaladara ketaman nenggala sirna.Talingane Kartapiyogo layon kadokok layang panantang banjur kauntalake pasewakan Tirtakandasan.

 

STRAT ; TIRTA KANDASAN

              Prb Kurandageni kahadep wadya ngrasani Kartopiyogo anggone ora ngerti yen diloropake dening Erawati, dumadakan tibane layon kang mawa layang penantang Sang Prabu nesu banjur nglabrag.

              Kocap : Jaladara kauntal dening sang Prabu nganti sarirane kari separo, nanging eling duwe nenggala nuli katamakake marang sang Prabu Kerandageni sirna.Enggar tyase sang Jaladara cs sabanjure sang dewi kaboyong kondur Mandaraka

              Ing marga petuk kurawa cs ngira yen Premadi cs malinge nuli prang.jaladara kang nggendong Erawati ewuh nggone arep nandingi para kurawa, tujune teka Ugrasena lan Bratasena sabyantu kurawa bubar mawut,

Wadya Tirtakandasan soroh amuk katandingan Bratasena bubar mawut.

TANCEP KAYON

Tidak ada komentar:

Posting Komentar