Sabtu, 03 Agustus 2013

WEJANGAN GATHUTKACA WINISUDA


Arimbi  :  Anaku lanang ngger Gatutkaca,  pun ibu rumangsa bungah kang sarta bombong kang tanpa upama, ya sabab wus kelakon nyumurupi anggon mu jumeneng nata ing Pringgondani iki kulup.

Mung wae kulup. anaku lanang bocah bagus.

Eling elingen pitungkase pun ibu yo ngger..Jeneng sira kudu tansah ngunjukake puji syukur konjuk ana ngarsaning Gusti zat kang akarya jagat ana jroning kahanan apa wae ya kulup.

Luwih luwih ana jroning wektu iki jeneng sira wus sinung kanugrahaning Gusti, awujud kalenggahan narpati. Sabab sing sapa wonge tansah ngunjukake rasa syukur marang ngarsaning Gusti ing mengkone bakal ditikelake kanikmatane ya ngger.

Nanging kosok baline kalamunta manungsa ora demen nyukuri marang nikmating Gusti. ing kana bakal gedhe pidananing Gusti kulup.

Wondene kang angka loro jeneng sira kudu tansah nggedhekake marang kesabaran. Sabar jroning nindakake bebener, sabar jroning ninggalake laranganing agama, kang sarta sabar nalika nampa pacobaning Gusti.

Luwih luwih jroning slriramu nindakake kawajibaning narendra mesti akeh goda pangrencana kang bakal dadi pepalangmu. Mula sing sentosa jiwamu ya ngger, ndak kekudang jeneng sira dadia narendra gung binatara hanjayeng bawana ingkang tan sah sinuyudan dening sakabehing kawulamu, ya ngger,,

Werkudara : Haaa……Gatot, anaku lanang wong gagah, wong jarot. Sawise kowe dadi ratu aja ban jur lali marang asal mulanira.

Aja nganti kewetu ana tembung kacang lali marang kulite. Asalmu saka kawula lan bakal bali maneh marang kawula. Marga dadi ratu kuwi ora salawase, sabab winatesan marang umur lan wanci. Mula aja demen gawe lara marang rasaning kawulamu. Cukupana apa butuhe lan turutana apa karepe. Cedhakana para kawulamu, luwih luwih marang kawula cilik.

Ana tetembungan, sing sapa wonge kepengin awet olehe dadi wong kuwasa lan kepengin awet anggone dadi wong drajat lan wong pangkat kudu demen nyedak marang kawula cilik.

Aja nganti nalika durung dadi lan nalika kepengin dadi. Kowe tansah nyedak nyang kawulamu. Nanging bareng wus dadi kowe banjur ora eling marang kawulamu.

Nyedak yen nyedako, wanuh wae ora, Yen nganti ngono tumindakmu eling-elingen dudu sapa sapa sing bakal ngadepi, nanging aku dewe WERKUDARA sing bakal ngadepi.

Puntadewa : Kulup.. Kaki Prabu Gatutkaca. Pawitane wong ngasta praja kudu ngenggoni sipat patang perkara yaiku; Prasaja, Sentosa, Wibawa, lan Wicaksana.

Tegese Prasaja, sakabehing tumindak, tandang tanduk, solah bawa, muna muni, mung tansah lugu, nora ginawe gawe kang mahanani dadi wagu.

Kabeh katindakake kanthi apa mestine ora mung sabab nuruti marang pakartining hawa napsu.

Kang pindone yaiku Sentosa : lire ya sentosa laire ya batine, sentosaning lahir binudi daya srana hangulah raga, sabab yen ragamu nora sentosa, nora wurung jeneng sira ora bakal bisa nindakake kewajibanmu nggone dadi narendra.

wondene sentosaning batin, binudi srana demen ngudi marang ulah rasa lumantar kawruh lan ngelmuning agama kang tundone jeneng sira kaki prabu bakal bisa nindakake  marang laku darma .

Kang angka telu yaiku : Wibawa. Sipating Nerendra yen tan sinung kawibawan prasasat aji godong jati aking. Wondene pirantining kawibawan yaiku kanthi srana ukum lawan ganjar. Nindakna dana wesi asat, nora ambahu kapine. Nadyan liyan brayan yen pranyata gede labuhe marang praja kudu ginanjar samurwate, ananging kosok baline, nadyanta sanak kadang putra sentana yen ta nandang luput wajib nampa pidana tanpa wigih hareringa.

Wondene kang pungkasan yaiku: Wicaksana. Lire nora mbedak mbedakake mungguh marang kawulamu. Gede cilik tuwa enom lanang wadon sugih miskin, Kabeh kudu rinengkuh pada.

 Luwih luwih Negara Pringgondani dumadi saka pirang pirang pulo, ingkang mahanani dumadining pirang pirang suku bangsa, basa, lan agama.

Ya mung kanthi srana kawicaksanan mau nggonmu bakal bisa ngesuhi marang praja Pringgondani. Kaki Prabu. 

Kresna     : Kulup, Kaki Prabu Gatutkaca. Sejatine sakabehing piwulang luhur wus kaandarake marang jeneng sira Kaki Prabu. Wiwit saka wong atuwamu sakloron kang tetela bangkit asung wewangson lan tuladha marang laku kang utama, luwih luwih ingkang uwamu yayi Prabu Punta.

Nanging sakabehing pitutur kang sarta pituduh becik mau ora bakal bisa ndayani apa apa kalamun tan katindakake.

Mula ya kulup,,kaki Prabu. Jeneng sira iku jejering satriya tama kang wajibe kudu ngenggoni kang sarta nindakake marang darmaning satriya.

Tembung Satriya mono tegese kudu bisa manunggalake telung perkara, yaiku: Ati, Lathi, lawan Pakarti kudu nyawiji. Aja nganti geseh salah sawiji. Sabab yen nganti gotang ateges tetel jiwa kasatriyanmu,.. ya kulup. Apa maneh jroning Kaki Prabu ngasta pusaraning praja Pringgondani. Sira kudu nduweni adeg adeg ingkang bakoh.

Aja nganti gampang kena pangrimuking kawruh gugon tuhon. Sakamubarang kang durung kinaruan kudu mbok nyatakake luwih disik kareben pernah  anggonmu tumindak.

Arjuna    : Anakku lanang nggeer, bocah bagus,.. anak anung anindita. Pitungkase pun paman, sawise anak mas Prabu jumeneng nata ndak kekudang haywa kongsi darbe ambeg Adigang, Adigung, miwah Adiguna.

Ngendelake dumeh sinung panguwasa, sinung kasekten lan sugih kagunan.

Sabab elinga ya nggeer. Sakamubarang kang ana ing ndunya iki ora ana kang sipat sampurna,lan mung nggur sawetara dumadine.

Wondene kang kagungan kasampurnan kang sarta asipat langgeng ora ana liya muhung Gusti ingkang murbeng dumadi.

Lamun anak mas Prabu bisa tuwajuh nyingkiri marang ambeg telung perkara mau, pun paman percaya, anak mas bakal dadi narendra gung binatara kinacek pepadaning ratu, sinuyudan sagung kawula dasih ya nggeer. 

Nakula    : Putraku ngger kaki Prabu Gatutkaca. Sipating narendra mono aja nganti demen cidra ing ubaya. Yaiku kang ingaranan berbudi bawa leksana kang mengku teges, saguh netepi marang pangandika kang wus kawedar.

Nadyan katone sepele tur to gampang diucapake, parandene durung kinaruan saben manungsa bisa nindakake. Sabab wus akeh tuladha lan buktine. Nalika durung dadi panguwasa, kabeh janjine diwutahake nganti jagat prasasat kebrebegen dening pangucape, nanging nalika wus kasembadan dadi panguwasa jebul kabeh mau babar pisan ora ana bukti lan kasunyatane.

Marma kang mangkana anak mas Prabu, banget eling elingen pitungkasing pun paman iki ya anak mas. Supaya anggonmu ngasta praja tetep tansah sinuyutan dening sagung kawulamu nganti tekan purnaning kwajibanmu ngasta praja.

Sadewa   : Demena dana driyah. Luwih luwih sipating narendra kang kudu bisa dadi tepa tuladha tumrap marang sakabehing kawulane. Yen Ratu gustine demen dana mesti bakal ditulad dening para kawulane kang wus pada mapan uripe. Kanthi mangkana bakal dadi srana nggone bisa ngentas marang kasengsayaning para kawula kang isih sengsara uripe. Uga kanggo nuwuhake rasa katresnan marang pepadhane.

Emong ingemongan, kurmat kinormatan, kajen kinajenan kang sarta banjur pada guyub rukun saeyeg saeka kapti manunggal gilig golong gumolong gegolongan satemah bakal mahanani sentosaning Negara Pringgondani.

Semar : Dadi pangarsa utawa pengarep kuwi aja dadi pengurup nanging bisaa ngarepi aja demen ngarep arep lan aja kulina arepan.

Dadi pengurus aja dadi penguras ning bisaa ngurusi aja nganti dadi urusan. Penyakit panggoda ning manungsa namung mapan wonten telung perkara inggih punika: Banda dunya, Drajat pangkat Semat, lan Wanita. Nalika durung sugih kepengin sugih,mula banjur kabeh cara lan rekadaya miwah rekayasa digunakake, ora metung halal haram bakune bisa urip ketunggon banda. Tan kocapa mbareng mpun sugih banda, isih ngaya ngangsa angsa kepengin urip wukti wibawa mulya kanti srana nggayuh panguwasa. Amarga darbe panganggep, ya kanthi darbe panguwasa niku wau bisa luwih kajen uripe. Hlah ..nek mpun ngoten niku, adakan mbanjur teka panggoda kang angka telu, nggih niku wanita. Niku nggih mpun kathah contone. Nggih ta. Saniki kula mung ajeng caos peling. Gandeng sampeyan mpun madeg raja, utawi sinung wahyuning ratu, ibarate wong mentas nampi nugraha. 

Sirikaning wong bubar nampa Nugraha niku enten warni kalih. Ambak niki dudu klebu piwulanging agama, nanging mung mujudake budaya,ewadene nek sampeyan ajeng ngandel nggih prayoga:

1.           Aja tilik bayi sing durung umur selapan.

Contone nalika ndara Werkudara bubar nggayuh wahyu widayat banjur niliki bayine Abimanyu sing nembe lair

2.           Aja gepok senggol kalih wanita sajrone patang    puluh dina patang puluh bengi. Contone nalika jaman lakon wahyu cakraningrat. Lesmana, Samba, ora kuwat kedunungan wahyu merga ketaman panggodaning wanita.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar